Lirik Vita Alvia - Adoh Paranmu (feat. Bayu G2B) Lyrics

Sabtu, 13 Mei 2017

sepiro gedene tresnomu kanggo aku
pas awake dewe wis jarang ketemu
mergo adoh paranmu gawe kangen ning atiku
mugo sliramu biso njogo atimu

amung ono kowe wong lanang ning njero atiku
mergo ati iki wis tak tutup nggo liyane
yo mung siji panyuwonku soko kowe
ngancani aku nganti tekan matiku

nyawang kerlip lintang ngelingke kowe cah ayu
mergo adoh paran gawe kangen ning atiku
tak tuliske tembang tresno mung kanggo sliramu
ben kowe ngerasake sepiro gede tresnoku
manis esemmu ayumu dadi inspirasiku
wes tak ukir indah nggo dadi semangatku
tak tunggu balimu ben iso nyanding sliramu
siap lahir batin aku dadi imammu

tresno suci iki amung dinggo kowe
ra ono liyane sing iso nggantike
adoh seko kowe gawe ra tenang atine
mangan ngombe nganti ra ono rasane

pendak arep turu mung biso nyawang fotomu
rungu sworomu wis cukup nentremke atiku
yen pancen kahanan kowe adoh seko paran
bakal tak lakoni senadyan akehe pacoban
duh kowe cah ayo rungokno laguku
dinggo tombo roso kangen sak jroning atimu
penting dinggo dewe kudu duwe roso sabar
ben tresnomu lan tresnoku ora bakal bubar

sayang ndang cepet bali
sayang aku ngenteni
sayang mugo kowe tansah setyo
ojo nganti keno gudo wadon liyo

gusti wes paringi jodoh sing sempurna
sing bakal tak jogo selamanya
mugo kowe lan aku nganti tekan bebrayan
urip sesandingan dan takkan terpisahkan

iso krungu kabar yo mung lewat bbm-an
kadang telat mbales nggawe dewe salah paham
nanging kabeh kuwi ojo dinggo alesan
mergo dewe duh cah cilik sing seneng nesunan
kabeh masalah mesti ono solusine
kudu podo ngerteni ben padang dalane
percoyo awakku tresnoku yo mung kowe
sing tak perjuangke nganti tekan selawase

sayang ndang cepet bali, sayang aku ngenteni
sayang mugo kowe tansah setyo, ojo nganti keno gudo wadon liyo
sayang ndang cepet bali, sayang aku ngenteni
sayang mugo kowe tansah setyo, ojo nganti keno gudo wadon liyo

Berita Terkait: